-
1 Para Raja 17:22-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Yéhuwah ngrungokké dongané Èlia,+ lan bocah kuwi urip manèh.*+ 23 Èlia mbopong bocah kuwi mudhun saka lotèng lan masrahké marang ibuné. Èlia kandha, ”Iki anakmu wis urip.”+ 24 Randha kuwi kandha marang Èlia, ”Saiki aku ngerti nèk njenengan bener-bener abdiné Gusti Allah+ lan nèk omongané Yéhuwah sing mbok sampèkké kuwi pancèn bener.”
-
-
2 Para Raja 4:32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Pas Èlisa mlebu ing njero omah, bocah sing wis mati kuwi ana ing kasuré Èlisa.+
-
-
2 Para Raja 4:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Èlisa munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi. Lambéné ditèmplèkké ing lambéné bocah kuwi, mripaté ing mripaté bocah kuwi, lan tlapak tangané ing tlapak tangané bocah kuwi. Èlisa mbungkuk terus ing ndhuwuré bocah kuwi, lan badané bocah kuwi mulai anget.+
-