-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Yésaya 8:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Gusti Allah bakal dadi kaya panggonan sing suci,
Ning kanggoné kerajaan Israèl loro-loroné,
Dhèwèké bakal dadi kaya watu sing dibalangké
Lan watu sing nggawé kesandhung.+
Kanggoné para penduduk Yérusalèm,
Dhèwèké bakal dadi kaya perangkap lan jerat.
15 Akèh sing bakal kesandhung, tiba, lan luka-luka.
Wong-wong kuwi bakal kena jerat lan kecekel.
-