PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yosua 10:8-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi karo raja-raja kuwi+ merga kabèh wis Tak serahké marang kowé.+ Ora ana sing isa nglawan kowé.”+ 9 Sakwisé mlaku sewengi muput saka Gilgal, Yosua nyerang wong-wong kuwi dadakan. 10 Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi bingung.+ Wong Israèl matèni wong akèh banget ing Gibéon. Sisané sing isih urip dioyak* lan dipatèni ing dalan munggah menyang Bèt-horon nganti tekan Azéka lan Makéda. 11 Wektu wong-wong kuwi mlayu lan mudhun saka Bèt-horon, Yéhuwah nggawé udan watu gedhé saka langit sing nibani wong-wong kuwi nganti tekan Azéka lan wong-wong kuwi mati. Sing mati merga udan watu luwih akèh timbang sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang.

      12 Pas Yéhuwah ngalahké wong Amori ing ngarepé wong Israèl, Yosua kandha marang Yéhuwah ing ngarepé wong Israèl,

      ”Matahari, mandhega+ ing ndhuwuré Gibéon,+

      Lan bulan ing ndhuwuré Lembah Aiyalon!”

      13 Mula, matahari mandheg lan bulan ora obah nganti bangsa Israèl ngalahké mungsuh-mungsuhé. Kuwi kabèh ditulis ing buku Yasyar.+ Dina kuwi matahari ora terbenam. Matahariné kétok nganti sedina muput. 14 Durung tau ana dina sing kaya ngono. Sakdurungé utawa sakwisé, Yéhuwah durung tau nuruti sing dijaluk manungsa nganggo cara kaya ngono.+ Yéhuwah dhéwé sing perang kanggo Israèl.+

  • 2 Samuèl 5:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Mula, Daud mara ing Baal-pérazim lan Daud ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Yéhuwah wis ngalahké mungsuh-mungsuhku+ ing ngarepku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé dhèwèké njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.*+

  • 1 Babad 14:10-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Daud takon marang Gusti Allah, ”Apa aku kudu nglawan wong Filistin? Apa Njenengan bakal nggawé aku ngalahké wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Ya, Aku mesthi bakal nggawé kowé ngalahké wong Filistin.”+ 11 Mula, Daud lunga menyang Baal-pérazim+ lan ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Gusti Allah sing bener wis ngalahké mungsuh-mungsuhku nganggo tanganku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé wong-wong kuwi njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.* 12 Wong Filistin ninggalké patung allah-allahé ing kana, lan wektu Daud mènèhi préntah, kabèh kuwi diobong.+

      13 Bar kuwi, wong Filistin sepisan manèh nyerang penduduk ing lembah kuwi.+ 14 Daud takon manèh marang Gusti Allah, ning Gusti Allah sing bener kandha, ”Aja nyerang wong-wong kuwi saka ngarep. Ning, mubenga ing mburiné wong-wong kuwi, lan serangen ing ngarepé semak-semak.*+ 15 Nèk kowé krungu swara barisan ing ndhuwuré semak-semak* kuwi, ndang serangen wong-wong kuwi, merga Gusti Allah sing bener bakal maju ing ngarepmu kanggo ngalahké pasukan Filistin.”+ 16 Mula, Daud nindakké persis kaya préntahé Gusti Allah sing bener,+ lan wong-wong kuwi ngalahké pasukan Filistin saka Gibéon tekan Gèzèr.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim