-
2 Babad 33:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Yéhuwah bola-bali ngandhani Manasyé lan rakyaté, ning wong-wong kuwi ora nggatèkké.+
-
-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Néhémia 9:29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Senajan Njenengan ngélikké wong-wong kuwi bèn padha manut manèh karo Hukumé Njenengan, wong-wong kuwi tumindak lancang lan ora gelem ngrungokké préntahé Njenengan.+ Wong-wong kuwi nglanggar préntahé Njenengan, padahal wong bakal tetep urip nèk nindakké préntah kuwi.+ Ning wong-wong kuwi tetep waé ora gelem manut, ndableg, lan ora gelem ngrungokké.
-