-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Yérémia 25:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Kèt taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon raja Yéhuda nganti dina iki, yaiku 23 taun suwéné, Yéhuwah wis nyampèkké omongané marang aku. Aku ya wis bola-bali nyampèkké kuwi* marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké.+ 4 Yéhuwah ya bola-bali ngutus* kabèh abdiné, yaiku para nabi, marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+
-