13 Ning, kowé terus-terusan nindakké kabèh kuwi,’ kandhané Yéhuwah, ’lan senajan Aku wis bola-bali ngomong,* kowé ora gelem ngrungokké.+ Aku bola-bali ngundang* kowé, ning kowé ora gelem njawab.+
10 Bangsa sing jahat iki ora gelem manut omongan-Ku.+ Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné dhéwé,+ nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya. Mula, bangsa iki bakal dadi kaya sabuk sing ora ana gunané kuwi.’