-
Yérémia 23:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Aja ngrungokké omongané para nabi sing nyampèkké ramalan marang kowé.+
Para nabi kuwi nyesatké kowé.
17 Para nabi kuwi bola-bali kandha marang wong-wong sing ora ngajèni Aku,
’Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngrasakké damai.”’+
Marang saben wong sing manut karo atiné sing ndableg, para nabi kuwi kandha,
’Kowé ora bakal kena bencana.’+
-
-
Yèhèzkièl 13:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Kowé ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalanmu ya ngapusi, ta? Kowé ngomong, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Aku ora ngomong apa-apa.”’
-
-
Mikha 2:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Nèk ana wong nindakké sing ora ana gunané, ngapusi, lan kandha sing ora bener kaya ngéné iki,
”Aku arep nyampèkké berita marang kowé soal anggur lan minuman keras.”
Wong kaya ngono kuwi cocog dadi nabiné bangsa iki.+
-