PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 22:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Mula, raja Israèl nglumpukké nabi-nabi lan jumlahé kira-kira 400. Dhèwèké takon marang nabi-nabi kuwi, ”Aku kudu mangkat perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Wong-wong kuwi njawab, ”Majua, Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”

  • 1 Para Raja 22:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Isih ana siji manèh. Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah+ liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké,+ merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.+ Jenengé Mikaya anaké Imla.” Ning Yéhosyafat kandha, ”Raja ora olèh ngomong kaya ngono.”

  • Yésaya 9:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Endhasé yaiku para pemimpin lan wong-wong sing diajèni.

      Buntuté yaiku para nabi sing mènèhi ajaran sing ora bener.+

      16 Wong-wong sing mimpin umat iki malah mblasukké,

      Lan wong-wong sing manut karo para pemimpin kuwi dadi bingung.

  • Yérémia 6:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Kabèh wong saka rakyat biasa nganti pejabat padha nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur.+

      Saka nabi nganti imam, kabèh senengané ngapusi.+

      14 Wong-wong kuwi nyoba nambani luka-lukané umat-Ku, ning mung asal-asalan. Wong-wong kuwi kandha,

      ’Ana damai. Ana damai.’

      Padahal ora ana damai.+

  • Yèhèzkièl 13:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 ”Hé anaké manungsa, wènèhana ramalan soal para nabi ing Israèl,+ lan ngomonga marang wong-wong sing nyampèkké ramalan saka pikirané dhéwé,+ ’Rungokna omongané Yéhuwah. 3 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Cilaka tenan para nabi sing bodho, sing nuruti pikirané dhéwé, padahal wong-wong kuwi ora ndelok wahyu.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim