PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 14:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wektu krungu kuwi, aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Para nabi kandha marang wong-wong kuwi, ’Ora bakal ana perang lan kelaparan. Gusti Allah bakal mènèhi kowé kedamaian ing panggonan iki.’”+

  • Yérémia 23:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:

      ”Aja ngrungokké omongané para nabi sing nyampèkké ramalan marang kowé.+

      Para nabi kuwi nyesatké kowé.

      Wahyu sing diomongké para nabi kuwi asalé saka pikirané dhéwé,+

      Dudu saka Yéhuwah.+

      17 Para nabi kuwi bola-bali kandha marang wong-wong sing ora ngajèni Aku,

      ’Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngrasakké damai.”’+

      Marang saben wong sing manut karo atiné sing ndableg, para nabi kuwi kandha,

      ’Kowé ora bakal kena bencana.’+

  • Yèhèzkièl 13:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kuwi kabèh kelakon merga wong-wong kuwi nyesatké umat-Ku. Wong-wong kuwi kandha, ”Ana damai,” padahal ora ana damai.+ Pas ana sing mbangun témbok sing rapuh, wong-wong kuwi nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih.’*+

  • 1 Tésalonika 5:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Wektu wong-wong kandha, ”Saiki awaké dhéwé urip tentrem lan aman,” ujug-ujug wong-wong kuwi bakal disingkirké,+ kaya wong wédok sing ujug-ujug ngrasakké lara merga arep nglairké. Wong-wong kuwi mesthi ora bakal isa mlayu saka bencana kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim