PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 4:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Njenengan wis bener-bener ngapusi wong Yéhuda+ lan Yérusalèm. Njenengan kandha, ’Kowé bakal ayem tentrem,’+ padahal aku lan bangsaku wis arep dipatèni nganggo pedhang.”

  • Yérémia 5:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Para nabi nyampèkké ramalan palsu.+

      Para imamé nggunakké wewenangé kanggo mréntah liyané.

      Umat-Ku seneng karo sing kaya ngono kuwi.+

      Ning pas kuwi kabèh berakhir, kowé arep ngapa?”

  • Yérémia 6:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Kabèh wong saka rakyat biasa nganti pejabat padha nggolèk keuntungan nganggo cara sing ora jujur.+

      Saka nabi nganti imam, kabèh senengané ngapusi.+

      14 Wong-wong kuwi nyoba nambani luka-lukané umat-Ku, ning mung asal-asalan. Wong-wong kuwi kandha,

      ’Ana damai. Ana damai.’

      Padahal ora ana damai.+

  • Yérémia 23:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:

      ”Aja ngrungokké omongané para nabi sing nyampèkké ramalan marang kowé.+

      Para nabi kuwi nyesatké kowé.

      Wahyu sing diomongké para nabi kuwi asalé saka pikirané dhéwé,+

      Dudu saka Yéhuwah.+

      17 Para nabi kuwi bola-bali kandha marang wong-wong sing ora ngajèni Aku,

      ’Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngrasakké damai.”’+

      Marang saben wong sing manut karo atiné sing ndableg, para nabi kuwi kandha,

      ’Kowé ora bakal kena bencana.’+

  • Yérémia 27:8-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”’”’Nèk ana bangsa utawa kerajaan sing ora gelem nglayani Nébukhadnézar raja Babilon lan ora gelem manut raja Babilon,* Aku bakal ngukum bangsa kuwi nganggo pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit nganti bangsa kuwi Tak singkirké,’ kandhané Yéhuwah.

      9 ”’”’Mula, aja ngrungokké para nabimu, peramal, tukang tafsir mimpi, ahli ilmu gaib, lan ahli sihir sing kandha, ”Kowé ora bakal nglayani raja Babilon,” 10 sebab wong-wong kuwi nyampèkké ramalan palsu marang kowé. Nèk ngrungokké wong-wong kuwi, kowé bakal digawa lunga adoh saka tanahmu. Aku bakal nggawé kowé kesebar, lan kowé bakal mati.

  • Yèhèzkièl 13:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kuwi kabèh kelakon merga wong-wong kuwi nyesatké umat-Ku. Wong-wong kuwi kandha, ”Ana damai,” padahal ora ana damai.+ Pas ana sing mbangun témbok sing rapuh, wong-wong kuwi nutupi témbok kuwi nganggo cèt putih.’*+

  • Mikha 3:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Para pemimpiné ngadili mung nèk disuap,+

      Para imamé mulang mung nèk dibayar,+

      Lan para nabiné ngramal mung nèk diwènèhi dhuwit.*+

      Ning, wong-wong kuwi rumangsa ngendelké Yéhuwah lan kandha,

      ”Yéhuwah kan ndhukung awaké dhéwé, ta?+

      Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim