-
Yésaya 63:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
63 Sapa kuwi sing teka saka Édom,+
Saka Bozra,+ sing nganggo klambi sing wernané cerah,*
Sing nganggo klambi sing apik banget,
Lan sing mlakuné kaya wong sing kuwat?
”Kuwi Aku, Gusti Allah sing omongané bener,
Sing nylametké nganggo kuwasa sing gedhé.”
2 Ngapa kok klambi-Mu abang?
Ngapa kok klambi-Mu kaya klambiné wong sing ngidak-idak anggur?+
3 ”Aku dhèwèkan ngidak-idak anggur.
Ora ana sing ngancani Aku.
Merga nesu, Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku.
Aku terus-terusan ngidak-idak mungsuh-Ku merga Aku nesu banget.+
Klambi-Ku kecipratan getihé,
Lan klambi-Ku dadi reged banget.
-
-
Obaja 8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Yéhuwah kandha, ”Ing dina kuwi,
Aku mesthi bakal nyingkirké wong-wong sing wicaksana sing ana ing Édom+
Lan wong-wong pinter ing dhaérah pegunungan Ésau.
-