-
Mazmur 137:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Oh Yéhuwah, aja lali
Karo omongané wong Édom wektu Yérusalèm dihancurké. Wong-wong kuwi ngomong,
”Ambruka. Ambruka nganti tekan pondhasiné.”+
-
-
Yésaya 34:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”Ing langit, pedhang-Ku bakal teles kena getih.+
Kuwi bakal Tak gunakké kanggo ngukum Édom,+
Bangsa sing arep Tak singkirké.
6 Aku, Yéhuwah, nduwé pedhang sing teles kena getih,
Yaiku getihé domba lanang enom lan kambing.
Pedhang kuwi ketutupan gajih,+
Yaiku gajih sing ana ing ginjalé domba lanang.
Aku, Yéhuwah, bakal nyiapké korban ing Bozra,
Yaiku wong-wong sing jumlahé akèh banget sing dipatèni ing tanah Édom.+
-