-
Yésaya 8:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah bakal ngongkon raja Asiria+ lan kabèh pasukané
Kanggo nyerang bangsa iki,
Kaya banyuné Kali Éfrat sing jero lan mbludag
Sing ngebaki kabèh saluran banyuné
Lan nutupi pinggiré
8 Nganti Yéhuda kleleb.
Banyu kuwi bakal kaya banjir sing dhuwuré sak gulu.+
Banyu kuwi bakal nutupi kabèh panggonan ing tanahmu.
-
-
Yésaya 10:28-32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Dhèwèké tekan ing kutha Ayat.+
Dhèwèké wis ngliwati kutha Migron.
Dhèwèké nyimpen barang-barangé ing kutha Mikhmash.+
29 Dhèwèké wis nyabrang
Lan nginep ing Géba.+
Penduduké Rama wedi, lan penduduké Gibéah+ kuthané Saul padha mlayu.+
30 Hé penduduké Galim, bengok-bengoka.
Hé penduduké Laisya, kowé kudu waspada.
Hé penduduké Anatot,+ kowé mesakké banget.
31 Penduduké Madména wis padha mlayu.
Penduduké Gébim wis padha ngungsi.
32 Pas kuwi, dhèwèké mandheg ing kutha Nob.+
Dhèwèké ngangkat lan ngarahké tangané ing gunungé kutha Zion
Kanggo ngancam Yérusalèm sing ana ing gunung.
-