PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 18:28-35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Terus, Rabsyaké ngadeg lan ngomong nganggo swara banter nganggo basa Yahudi. Dhèwèké kandha, ”Rungokna omongané raja Asiria sing hébat.+ 29 Raja ngomong ngéné, ’Aja gelem diapusi Hizkia, merga dhèwèké ora sanggup nylametké kowé saka aku.+ 30 Aja nganti Hizkia nggawé kowé ngendelké Yéhuwah liwat omongané iki, ”Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé, lan kutha iki ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 31 Aja ngrungokké Hizkia, merga raja Asiria ngomong ngéné, ”Mendhing kowé nyerah waé lan damai karo aku, mengko kowé isa mangan anggur saka wit anggurmu dhéwé lan mangan ara saka wit aramu dhéwé. Kowé ya isa ngombé banyu saka sumurmu* dhéwé. 32 Terus, aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing padha kaya tanahmu dhéwé,+ sing kebak biji-bijian, anggur anyar, roti, kebon anggur, wit zaitun, lan madu. Kowé bakal terus urip lan ora mati. Aja ngrungokké Hizkia, merga dhèwèké ngapusi kowé nganggo omongané sing kandha, ’Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ 33 Apa ana allahé bangsa-bangsa liya sing nylametké bangsané saka raja Asiria? 34 Ing endi allah-allahé Hamat+ lan Arpad? Ing endi allah-allahé Séfarwaim,+ Héna, lan Iwa? Apa allah-allah kuwi nylametké Samaria saka aku?+ 35 Apa mungkin Yéhuwah isa nylametké Yérusalèm saka aku? Lha wong allahé bangsa liya waé ora isa nylametké bangsané saka aku.”’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim