PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 36:13-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Terus, Rabsyaké ngadeg lan ngomong nganggo swara banter nganggo basa Yahudi.+ Dhèwèké kandha, ”Rungokna omongané raja Asiria+ sing hébat. 14 Raja ngomong ngéné, ’Aja gelem diapusi Hizkia, merga dhèwèké ora sanggup nylametké kowé.+ 15 Aja nganti Hizkia nggawé kowé ngendelké Yéhuwah+ liwat omongané iki, ”Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé, lan kutha iki ora bakal dikuwasani raja Asiria.” 16 Aja ngrungokké Hizkia, merga raja Asiria ngomong ngéné, ”Mendhing kowé nyerah waé lan damai karo aku, mengko kowé isa mangan anggur saka wit anggurmu dhéwé lan mangan ara saka wit aramu dhéwé. Kowé ya isa ngombé banyu saka sumurmu* dhéwé. 17 Terus, aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing padha kaya tanahmu dhéwé,+ sing kebak biji-bijian, anggur anyar, roti, lan kebon anggur. 18 Aja gelem diapusi Hizkia sing ngomong, ’Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ Apa ana allahé bangsa liya sing isa nylametké bangsané saka raja Asiria?+ 19 Ing endi allah-allahé wong Hamat lan wong Arpad?+ Ing endi allah-allahé wong Séfarwaim?+ Apa allah-allah kuwi isa nylametké Samaria saka aku?+ 20 Apa mungkin Yéhuwah isa nylametké Yérusalèm saka aku? Lha wong allahé bangsa liya waé ora isa nylametké bangsané saka aku.”’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim