17 Oh Yéhuwah, bangsa-bangsa lan tanahé wis diremuk raja-raja Asiria.+18 Wong-wong kuwi mbakar patung allah-allahé bangsa-bangsa kuwi, merga kabèh kuwi dudu allah sing sejati+ ning mung gawéané manungsa+ saka kayu lan watu. Kuwi sebabé patung-patung kuwi isa dihancurké raja-raja Asiria.
15 Aja gelem diapusi lan disesatké Hizkia.+ Aja percaya karo dhèwèké, merga ora ana allahé bangsa-bangsa utawa kerajaan endi waé sing isa nylametké umaté saka aku lan nènèk moyangku. Mosok Gusti Allahmu isa nylametké kowé saka aku?’”+