1Iki omongané Yérémia* anaké Imam Hilkia, salah siji imam ing Anatot+ ing dhaérah Bènyamin. 2 Ing taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon+ raja Yéhuda, Yéhuwah ngomong marang aku.
3 ”Kèt taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon raja Yéhuda nganti dina iki, yaiku 23 taun suwéné, Yéhuwah wis nyampèkké omongané marang aku. Aku ya wis bola-bali nyampèkké kuwi* marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké.+