-
Pangandharing Torèt 13:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Nèk kakangmu, adhimu, anakmu lanang, anakmu wédok, bojomu sing mbok sayangi, utawa kanca akrabmu meneng-meneng ngejak kowé nyembah allah-allah liya,+ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal karo nènèk moyangmu, 7 allahé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu, embuh kuwi sing cedhak utawa sing adoh, sing ana ing kabèh wilayah ing tanah iki, 8 aja gelem dipengaruhi wong kuwi lan aja ngrungokké dhèwèké.+ Aja mbok mesakké, lan aja mbok lindhungi. 9 Ning, wong kuwi kudu mbok patèni.+ Kowé kudu dadi sing pertama mbandhemi* wong kuwi, lagi sing liyané mèlu mbandhemi.+
-
-
Pangandharing Torèt 32:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wong-wong kuwi mènèhké korban kanggo roh-roh jahat, dudu kanggo Gusti Allah,+
Kanggo allah-allah sing ora mbok kenal,
Allah-allah anyar sing lagi waé ana,
Sing ora dikenal nènèk moyangmu.
-
-
Yérémia 19:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Kuwi merga wong-wong wis ninggalké Aku+ lan nggawé Aku ora isa ngenali panggonan iki manèh.+ Ing kéné, wong-wong kuwi mènèhké korban marang allah-allah liya sing ora dikenal. Nènèk moyangé lan raja-raja Yéhuda ya ora kenal karo allah-allah kuwi. Panggonan iki wis dikebaki nganggo getihé wong-wong sing ora salah.+
-