PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 21:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Manasyé ya matèni akèh banget wong sing ora salah nganti getihé wong-wong kuwi ngebaki Yérusalèm saka pucuk nganti tekan pucuk.+ Sakliyané kuwi, dhèwèké dosa merga nyebabké Yéhuda dosa, yaiku nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.

  • Yésaya 59:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Wong-wong kuwi* cepet-cepet nindakké sing jahat

      Lan cepet-cepet matèni wong sing ora salah.+

      Wong-wong kuwi nggawé rencana jahat.

      Tumindaké wong-wong kuwi nggawé susah lan sengsara.+

  • Yérémia 2:34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Malah, ing klambimu ana getihé wong-wong sing mlarat lan sing ora salah.+

      Wong-wong kuwi dipatèni ora merga mbobol omahmu,

      Ning Aku weruh getihé wong-wong kuwi ana ing klambimu.+

  • Kidung Pangadhuh 4:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Kuwi kabèh kelakon merga dosané para nabiné lan kesalahané para imamé,+

      Sing wis matèni wong-wong bener ing kana.+

  • Matius 23:34, 35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Kuwi sebabé pas aku ngutus nabi-nabi,+ wong-wong wicaksana,* lan guru-guru bèn marani kowé,+ ana sing bakal mbok patèni,+ mbok hukum ing cagak, mbok pecuti+ ing sinagogé, lan mbok aniaya ing kabèh kutha.+ 35 Mula, kowé bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh wong bener sing dipatèni ing bumi, mulai saka getihé Habèl,+ yaiku wong sing bener, nganti Zakharia anaké Barakhia. Zakharia kuwi wong sing mbok patèni ing ngarep bait, cedhak mézbah.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim