-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Yérémia 7:24-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah nuruti karepé* dhéwé lan ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Wong-wong kuwi ora dadi luwih apik, ning malah dadi luwih èlèk 25 kèt nènèk moyangmu metu saka Mesir nganti saiki.+ Mula Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku terus-terusan ngutus para nabi kuwi saben dina.*+ 26 Ning ora ana sing gelem ngrungokké Aku, lan ora ana sing nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah ndableg lan tumindak luwih jahat timbang nènèk moyangé.
-
-
Yérémia 35:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku bola-bali ngutus* wong-wong kuwi+ lan kandha, ’Padha mertobata saka kelakuanmu sing jahat,+ lan tindakna apa sing bener. Aja nyembah lan nglayani allah-allah liya. Nèk manut, kowé bakal tetep manggon ing tanah sing wis Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu.’+ Ning, kowé ora nggatèkké* utawa ngrungokké Aku.
-