-
2 Para Raja 17:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.”
-
-
2 Babad 36:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité.
-
-
Néhémia 9:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké+ lan ora éling karo tumindaké Njenengan sing luar biasa ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndableg lan milih pemimpin bèn isa bali dadi budhak manèh ing Mesir.+ Ning, Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura, apikan, gampang mesakké, sabar, lan kebak katresnan sing langgeng,*+ mula Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi.+
-