PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 25:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Mula, gelas kuwi tak jupuk saka Yéhuwah, terus aku lunga menyang bangsa ngendi waé Yéhuwah ngutus aku lan ngongkon kabèh bangsa mau ngombé saka gelas kuwi,+

  • Yérémia 25:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 lan kabèh wong asing sing manggon ing Mesir. Terus marang kabèh raja ing Uz. Terus marang kabèh raja ing tanahé wong Filistin,+ Askélon,+ Gaza, Ékron, lan wong-wong sing isih urip ing Asdod.

  • Yèhèzkièl 25:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Wong Filistin terus-terusan sengit karo Israèl. Wong-wong kuwi ngupaya balas dendam lan nyingkirké wong Israèl.+ 16 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong Filistin,+ lan Aku bakal matèni wong Khèrèti+ lan nyingkirké penduduk dhaérah pinggir laut sing isih urip.+

  • Amos 1:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’”Merga Gaza+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané+ marang Édom.

  • Zéfanya 2:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Gaza bakal dadi kutha sing telantar.

      Askélon bakal ora ana sing ngenggoni.+

      Penduduk Asdod bakal diusir pas awan,

      Lan Ékron bakal disingkirké.+

  • Zakharia 9:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Askélon bakal ndelok kuwi lan dadi wedi.

      Gaza bakal ngrasa susah banget.

      Ékron ya bakal kaya ngono merga harapané wis ora ana manèh.

      Raja ing Gaza bakal dipatèni,

      Lan Askélon ora bakal dienggoni.+

       6 Penduduk asing bakal manggon ing Asdod,

      Lan sing diunggul-unggulké wong Filistin bakal Tak hancurké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim