PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 25:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Mula, gelas kuwi tak jupuk saka Yéhuwah, terus aku lunga menyang bangsa ngendi waé Yéhuwah ngutus aku lan ngongkon kabèh bangsa mau ngombé saka gelas kuwi,+

  • Yérémia 25:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 lan kabèh wong asing sing manggon ing Mesir. Terus marang kabèh raja ing Uz. Terus marang kabèh raja ing tanahé wong Filistin,+ Askélon,+ Gaza, Ékron, lan wong-wong sing isih urip ing Asdod.

  • Amos 1:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’”Merga Gaza+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané+ marang Édom.

       7 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Gaza,+

      Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.

       8 Aku bakal nyingkirké penduduk Asdod,+

      Lan sing mréntah Askélon.+

      Aku bakal ngangkat tangan-Ku nglawan Ékron,+

      Lan wong Filistin sing isih urip bakal musnah,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’

  • Zakharia 9:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Askélon bakal ndelok kuwi lan dadi wedi.

      Gaza bakal ngrasa susah banget.

      Ékron ya bakal kaya ngono merga harapané wis ora ana manèh.

      Raja ing Gaza bakal dipatèni,

      Lan Askélon ora bakal dienggoni.+

       6 Penduduk asing bakal manggon ing Asdod,

      Lan sing diunggul-unggulké wong Filistin bakal Tak hancurké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim