PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 12:29-31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu matèni wong-wong saka bangsa-bangsa sing bakal mbok kalahké,+ terus kowé manggon ing tanahé, 30 aja nganti kowé mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi sakwisé wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepmu. Aja takon ngéné soal allah-allahé, ’Biasané, piyé bangsa iki nyembah allah-allahé? Aku péngin mèlu-mèlu.’+ 31 Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu kaya carané wong-wong kuwi nyembah allahé, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono, malah wong-wong kuwi ngobong anak-anaké lanang lan wédok kanggo korban marang allah-allahé.+

  • 2 Para Raja 17:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Wong-wong kuwi ya mènèhké anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok kanggo diobong dadi korban.+ Wong-wong kuwi ngramal+ lan nggolèk tandha. Wong-wong kuwi ya terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah nganti nglarani atiné.

  • 2 Babad 28:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Pas mréntah dadi raja, Ahaz+ umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé, merga dhèwèké ora nindakké sing bener nurut pandhangané Yéhuwah.+

  • 2 Babad 28:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Dhèwèké ya nggawé asap korban ing Lembah Putra Hinom* lan mènèhké anak-anaké kanggo diobong+ dadi korban kaya kebiasaan sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.

  • 2 Babad 33:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Pas mréntah dadi raja, Manasyé+ umuré 12 taun lan mréntah 55 taun suwéné ing Yérusalèm.+

  • 2 Babad 33:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Dhèwèké mbakar anak-anaké lanang+ dadi korban* ing Lembah Putra Hinom.+ Dhèwèké nggunakké ilmu gaib,+ ngramal, nggunakké sihir, lan ngangkat wong-wong sing isa ngundang arwah lan para peramal.+ Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, lan kuwi nglarani atiné Gusti Allah.

  • Yèhèzkièl 20:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Hé wong Israèl, apa nganti saiki kowé isih mènèhké korban marang brahala-brahalamu sing njijiki lan ngobong anakmu lanang utawa wédok dadi korban?+ Pas kowé nindakké kuwi, mosok Aku kudu njawab kowé?”’+

      ”’Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Aku ora bakal njawab kowé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim