-
Kaimaman 18:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Kowé aja tiru-tiru tingkah lakuné wong-wong ing tanah Mesir, panggonan sing mbiyèn mbok enggoni. Kowé ya aja niru kelakuané wong-wong ing tanah Kanaan, panggonan sing arep Tak wènèhké kowé.+ Kowé ora éntuk niru kebiasaané.
-
-
Pangandharing Torèt 18:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Ing antaramu aja nganti ana wong sing ngobong anaké lanang utawa wédok,+ wong sing ngramal,+ dhukun, wong sing nggunakké ilmu gaib+ kanggo nggolèk tandha,+ ahli ilmu gaib,+ 11 wong sing nggunakké guna-guna marang wong liya, wong sing takon karo dhukun sing ngundang* arwah+ utawa wong sing isa ndelok masa depan,+ lan wong sing takon karo wong mati.+ 12 Yéhuwah jijik karo sapa waé sing nindakké kuwi. Bangsa-bangsa kuwi diusir saka ngarepmu merga nindakké sing disengiti Yéhuwah Gusti Allahmu.
-
-
Yérémia 32:35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Wong-wong kuwi ya mbangun panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal ing Lembah Putra Hinom*+ kanggo ngobong anak-anaké dadi korban kanggo Molèkh.+ Aku ora tau mréntahké kuwi+ lan malah ora tau mikir* arep ngongkon wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing njijiki kaya ngono sing nggawé wong Yéhuda dadi dosa.’
-