PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 18:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”’Aja nganti kowé ngorbanké anakmu kanggo Déwa Molèkh.+ Aja nggawé jenengé Gusti Allahmu dadi najis merga nindakké kuwi.+ Aku iki Yéhuwah.

  • Kaimaman 20:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aku bakal nolak lan matèni wong kuwi* merga wis mènèhké anaké marang Déwa Molèkh lan nggawé panggonan suci-Ku lan jeneng-Ku sing suci dadi najis.+

  • Yérémia 19:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wong-wong kuwi nggawé panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal bèn isa ngobong anak-anaké dadi persembahan bakaran kanggo Baal.+ Aku ora tau mréntahké kuwi utawa ngomong soal kuwi. Aku ya malah ora tau mikirké sing kaya ngono kuwi.”’*+

      6 ”’Yéhuwah kandha, ”Mula, bakal tekan wektuné panggonan iki ora bakal disebut Tofèt utawa Lembah Putra Hinom* manèh, ning bakal disebut Lembah Pembantaian.+

  • Yérémia 32:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Wong-wong kuwi ya mbangun panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal ing Lembah Putra Hinom*+ kanggo ngobong anak-anaké dadi korban kanggo Molèkh.+ Aku ora tau mréntahké kuwi+ lan malah ora tau mikir* arep ngongkon wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing njijiki kaya ngono sing nggawé wong Yéhuda dadi dosa.’

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim