-
2 Babad 36:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakhin+ umuré 18 taun lan mréntah ing Yérusalèm suwéné telung sasi sepuluh dina. Yéhoyakhin terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah.+ 10 Ing awal taun,* Raja Nébukhadnézar ngirim utusan kanggo nggawa Yéhoyakhin menyang Babilon,+ bareng karo barang-barang berharga saka omahé Yéhuwah.+ Sakliyané kuwi, Raja Nébukhadnézar ngangkat Zédékia, pakliké Yéhoyakhin, dadi raja ing Yéhuda lan Yérusalèm.+
-
-
Yérémia 24:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus, Yéhuwah nduduhké marang aku rong kranjang buah ara sing didèlèhké ing ngarep baité Yéhuwah. Kuwi ditindakké sakwisé Yékonia*+ anaké Yéhoyakim,+ yaiku raja Yéhuda, para pejabat Yéhuda, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané digawa Nébukhadnézar* raja Babilon saka Yérusalèm menyang Babilon+ kanggo didadèkké tawanan.
-
-
Yérémia 29:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Wektu Nabi Yérémia ana ing Yérusalèm, dhèwèké ngirim surat marang wong Israèl sing ditawan, yaiku kabèh wong sing digawa Nébukhadnézar saka Yérusalèm menyang Babilon dadi tawanan, termasuk para pemimpin,* imam, nabi, lan rakyat. 2 Kuwi ditindakké sakwisé Raja Yékonia+ digawa lunga saka Yérusalèm dadi tawanan,+ bareng karo ibu suri,+ para pejabat istana, para pemimpin Yéhuda lan Yérusalèm, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané.
-