PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 17:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.”

  • Yésaya 55:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh+

      Lan ora nggawé rencana jahat manèh.

      Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi,+

      Merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.+

  • Yérémia 18:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”Mula saiki tulung kandhanana wong-wong lanang Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku wis nyiapké bencana lan mikirké soal piyé carané ngukum kowé. Mula tulung mertobata saka tumindakmu sing èlèk. Kelakuan lan tumindakmu ya kudu mbok ubah.”’”+

  • Yérémia 35:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku bola-bali ngutus* wong-wong kuwi+ lan kandha, ’Padha mertobata saka kelakuanmu sing jahat,+ lan tindakna apa sing bener. Aja nyembah lan nglayani allah-allah liya. Nèk manut, kowé bakal tetep manggon ing tanah sing wis Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu.’+ Ning, kowé ora nggatèkké* utawa ngrungokké Aku.

  • Yèhèzkièl 18:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Hé wong Israèl, kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé sesuai karo kelakuanmu.+ Padha mertobata, lan aja nindakké kabèh kesalahanmu manèh bèn kowé ora dianggep salah merga wis nyebabké wong liya nindakké dosa.

  • Yèhèzkièl 33:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Jawaben ngéné, ’Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi Aku sing urip. Aku ora seneng nèk wong jahat mati.+ Aku pénginé wong jahat mertobat+ lan ora mati.+ Hé wong Israèl,+ mertobata lan aja nindakké sing jahat manèh+ bèn kowé ora mati.”’

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim