PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 14:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Para nabi kuwi nyampèkké ramalan sing ora bener nganggo jeneng-Ku.+ Aku ora ngutus wong-wong kuwi.+ Aku ya ora ngongkon utawa ngomong karo wong-wong kuwi. Ramalané wong-wong kuwi isiné wahyu sing ora bener, ramalan sing ora ana gunané, lan crita sing dikarang-karang dhéwé.+

  • Yérémia 23:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Aku ora ngutus para nabi kuwi, ning para nabi kuwi padha mangkat nurut karepé dhéwé.

      Aku ora ngomong marang para nabi kuwi, ning para nabi kuwi nyampèkké ramalan.+

  • Yérémia 28:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Nabi Yérémia kandha marang Nabi Hanania,+ ”Hé Hanania, tulung rungokna. Yéhuwah ora ngutus kowé, ning kowé nggawé rakyat iki percaya omonganmu sing ngapusi.+

  • Yérémia 29:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aja gelem diapusi para peramal lan para nabi sing ana ing antaramu,+ lan aja percaya karo mimpiné, 9 sebab ’wong-wong kuwi nyampèkké ramalan palsu marang kowé nganggo jeneng-Ku. Aku ora ngutus wong-wong kuwi,’+ kandhané Yéhuwah.”’”

  • Yèhèzkièl 13:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 ”Wong-wong kuwi ngaku-ngaku ndelok wahyu, lan ramalané ya ngapusi. Wong-wong kuwi kandha, ’Yéhuwah ngomong ngéné,’ padahal Yéhuwah ora ngutus wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ya ngarep-arep bèn omongané kelakon.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim