-
Yérémia 33:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ’Ing panggonan sing gersang iki, sing ora ana wong utawa kéwané, lan ing kabèh kutha-kuthané, bakal ana padhang rumput manèh sing isa dienggo para gembala angon domba-dombané.’+
-
-
Yèhèzkièl 36:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Aku bakal nggawé rakyatmu, yaiku kabèh wong Israèl, dadi saya akèh. Kutha-kuthané bakal dienggoni,+ lan reruntuhané bakal dibangun manèh.+ 11 Aku bakal nggawé rakyat lan ternakmu dadi saya akèh.+ Jumlahé bakal dadi saya akèh lan terus nambah. Kowé bakal dienggoni manèh kaya mbiyèn+ lan dadi luwih makmur timbang mbiyèn.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+
-