-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Néhémia 9:33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Njenengan wis tumindak adil lan setya. Kabèh iki tak alami merga aku kabèh wis tumindak jahat.+
-
-
Danièl 9:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Oh Yéhuwah, Njenengan mesthi nindakké sing bener, ning aku lan bangsaku isané mung ngisin-isinké awakku dhéwé kaya dina iki. Wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, lan kabèh wong Israèl wis Njenengan sebar ing negara sing cedhak lan sing adoh merga ora setya marang Njenengan.+
-