PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 26:38, 39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Kowé bakal mati ing negara liya,+ lan kowé bakal dipatèni ing negarané mungsuhmu. 39 Wong-wong sing isih urip ing antaramu bakal sengsara ing negarané mungsuh+ merga kesalahané dhéwé lan kesalahané nènèk moyangé.+

  • 1 Para Raja 9:7-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Aku bakal nyingkirké Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku bakal Tak singkirké saka ngarep mripat-Ku,+ lan Israèl bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+ 8 Omah iki bakal dadi reruntuhan.+ Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi karo ngrèmèhké* lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+ 9 Terus wong-wong kuwi kandha, ’Iki merga wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé sing wis nggawa nènèk moyangé metu saka Mesir, lan wong-wong kuwi padha ngetutké, sujud, lan nglayani allah-allah liya. Kuwi sebabé Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi kena bencana iki.’”+

  • Mazmur 79:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 79 Oh Gusti Allah, bangsa-bangsa wis nyerang umat-Mu.*+

      Wong-wong kuwi wis nggawé bait-Mu sing suci dadi najis+

      Lan nggawé Yérusalèm dadi reruntuhan.+

  • Mazmur 79:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Aku* direndhahké tangga-tanggaku.+

      Aku diécé lan dirèmèhké wong-wong ing sekitarku.

  • Yérémia 24:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Aku bakal nggawé wong-wong saka kabèh bangsa ing bumi+ dadi wedi pas ngerti bencana sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi. Ing endi waé wong-wong kuwi Tak pencarké,+ kabèh wong liyané bakal ngrèmèhké wong-wong kuwi, nggawé puisi sing ngécé wong-wong kuwi, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan ngutuk+ wong-wong kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim