PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 34:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Aku, Yéhuwah, nduwé pedhang sing teles kena getih,

      Yaiku getihé domba lanang enom lan kambing.

      Pedhang kuwi ketutupan gajih,+

      Yaiku gajih sing ana ing ginjalé domba lanang.

      Aku, Yéhuwah, bakal nyiapké korban ing Bozra,

      Yaiku wong-wong sing jumlahé akèh banget sing dipatèni ing tanah Édom.+

       7 Sapi lanang liar ya bakal dipatèni bareng karo kéwan-kéwan mau.

      Sapi lanang enom dipatèni bareng karo sapi lanang sing kuwat.

      Tanah kuwi bakal teles kena getih,

      Lan lemahé ketutupan gajih.”

       8 Yéhuwah wis nentokké wektu bèn isa mbales mungsuh-mungsuhé,+

      Yaiku taun sing ditentokké kanggo ngukum mungsuh-mungsuhé merga arep mbéla Zion.+

  • Yérémia 46:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Kuwi dinané Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, yaiku dinané Gusti Allah mbales mungsuh-mungsuhé. Wektu kuwi, kaya-kayané pedhang bakal mangan nganti wareg lan ngombé getih nganti puas, sebab Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, matèni wong akèh banget ing tanah lor ing cedhaké Kali Éfrat,+ kaya mbelèh korban.

  • Zéfanya 1:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Padha menenga ing ngarepé Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, merga dinané Yéhuwah* wis ora suwé manèh.+

      Yéhuwah wis nyiapké korban. Dhèwèké wis nyucèkké wong-wong sing Dhèwèké undang.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim