PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 7:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Ning, Firaun ora bakal ngrungokké kowé. Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku* kanggo nglawan Mesir lan nggawa umat-Ku sing akèh,* yaiku wong Israèl, metu saka Mesir. Aku bakal mènèhi hukuman sing abot+ kanggo wong Mesir.

  • Pangentasan 14:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Bèn waé Firaun* tetep ndableg.+ Bèn waé dhèwèké ngoyak wong Israèl. Aku bakal ngalahké Firaun lan pasukané+ bèn Aku dimulyakké, lan wong Mesir bakal ngerti sapa Yéhuwah kuwi.”+ Mula, wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké.

  • Yésaya 37:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Ning saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahku, slametna umat-Mu saka raja Asiria bèn kabèh kerajaan ing bumi ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener, oh Yéhuwah.”+

  • Yèhèzkièl 38:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Hé Gog, kowé bakal nyerang umat-Ku Israèl kaya méga sing nutupi daratan. Ing dina-dina terakhir, Aku bakal nggawé kowé nyerang tanah-Ku,+ bèn bangsa-bangsa liya padha ngerti soal Aku, yaiku pas Aku nggunakké kowé kanggo nggawé bangsa-bangsa ngerti nèk Aku iki Gusti Allah sing suci.”’+

  • Maléakhi 1:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”Saka wétan nganti kulon,* jeneng-Ku bakal diluhurké bangsa-bangsa.+ Ing endi-endi, wong-wong bakal ngobong korban lan mènèhké persembahan kanggo ngluhurké jeneng-Ku, merga jeneng-Ku bakal diluhurké bangsa-bangsa,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim