-
Pangandharing Torèt 28:48-51Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
48 Yéhuwah bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé, lan kowé bakal dadi budhaké+ wektu kowé ngelih,*+ ngelak, ora nganggo klambi, lan ora nduwé apa-apa. Mungsuhmu bakal kejem banget nindhes kowé nganti kowé disingkirké.
49 ”Yéhuwah bakal nggawé bangsa+ sing adoh banget saka pucuké bumi nyerang kowé. Bangsa kuwi, yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni,+ bakal dadi kaya manuk elang+ sing nyerang mangsané. 50 Bangsa kuwi kejem, ora perduli karo wong sing wis tuwa, lan ora mesakké karo sing enom.+ 51 Bangsa kuwi bakal mangan ternakmu lan hasil tanahmu nganti kowé disingkirké. Ora ana biji-bijian, anggur anyar, minyak, anak sapi, utawa anak domba sing diturahké wong-wong kuwi kanggo kowé nganti wong-wong kuwi nyingkirké kowé.+
-
-
Yèhèzkièl 21:31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Aku bakal ngukum kowé merga Aku nesu. Rasa nesu-Ku bakal ngobong kowé kaya geni. Aku bakal nyerahké kowé marang wong-wong sing kejem, sing ahli matèni wong.+
-