-
Pangandharing Torèt 4:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Wektu kowé ndelok matahari, bulan, bintang, lan kabèh sing ana ing langit, aja kepéngin sujud lan nyembah kabèh kuwi.+ Kuwi kabèh wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kabèh bangsa ing bumi.
-
-
Yérémia 8:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi, balung-balungé para raja Yéhuda, balung-balungé para pemimpiné, balung-balungé para imam, balung-balungé para nabi, lan balung-balungé penduduk Yérusalèm bakal ditokké saka kuburané. 2 Balungé wong-wong kuwi bakal disebar ing ngisoré matahari, bulan, lan kabèh sing ana ing langit.* Wong-wong kuwi mbiyèn nresnani, nglayani, nyembah, nggolèki, lan sujud marang benda-benda kuwi.+ Balung-balung kuwi ora bakal diklumpukké utawa dikubur. Kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.”+
-