PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 80:14-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Oh Gusti Allah pemimpiné pasukan, tulung umat-Mu diberkahi manèh.*

      Tulung Njenengan ndelok saka swarga.

      Tulung wit anggur iki diopèni,+

      15 Yaiku wit* sing mbok tandur nganggo tangan-Mu tengen.+

      Tulung Njenengan nggatèkké anak lanang* sing mbok kuwatké kanggo kepentingan-Mu.+

      16 Wit anggur kuwi dikethok lan diobong.+

      Umat-Mu mati merga Njenengan nesu karo umat-Mu.*

  • Yésaya 5:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Wong sing ora gelem manut hukumé* Yéhuwah pemimpiné pasukan

      Lan ora ngajèni omongané Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+

      Bakal kaya jerami sing kobong nganti entèk

      Lan kaya suket garing sing diobong.

      Akaré bakal bosok,

      Lan kembangé bakal garing, terus kabur kena angin kaya debu.

  • Yérémia 7:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Mula iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nesu marang panggonan iki,+ marang manungsa lan kéwan, lan marang wit-witan ing padhang lan hasil tanah. Nesu-Ku bakal kaya geni sing terus murub.’+

  • Yèhèzkièl 20:47
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Ngomonga marang hutan ing kidul, ’Rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Kowé bakal Tak obong, lan geni kuwi+ bakal ngobong kabèh wit sing isih seger lan sing garing. Geniné ora bakal mati.+ Saka lor nganti kidul, kabèh wong bakal ngrasakké panasé geni kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim