PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 31:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Wektu Aku nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing tak janjèkké marang nènèk moyangé,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné,+ terus wong-wong kuwi mangan nganti wareg lan urip makmur,*+ wong-wong kuwi bakal nyembah allah liya, ora ngajèni Aku, lan nglanggar perjanjian-Ku.+

  • 2 Para Raja 17:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+

  • Néhémia 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+

  • Yésaya 1:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Cilaka tenan bangsa sing dosa kuwi,+

      Wong-wong sing kakèhan dosa,

      Anak-anak sing jahat lan bejat,

      Sing wis ora perduli karo Yéhuwah,+

      Sing wis ora ngajèni Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,

      Lan sing wis ninggalké Dhèwèké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim