-
Yésaya 39:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Terus, ana keturunanmu sing bakal digawa ing istanané raja Babilon+ lan bakal dadi pejabat ing kana.’”
-
-
Yérémia 22:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ”Yéhuwah kandha, ’Konia,*+ anaké Yéhoyakim+ raja Yéhuda, Aku sumpah demi Aku sing urip, nèk Aku bakal nyabut kowé saka kana senajan kowé kuwi cincin sing berharga ing tangan tengen-Ku. 25 Aku bakal nyerahké kowé marang wong sing péngin matèni kowé, marang wong sing mbok wedèni, yaiku marang Nébukhadnézar* raja Babilon, lan marang wong Khaldéa.+
-
-
Yérémia 52:31, 32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Sakwisé Èwil-mérodakh dadi raja Babilon, dhèwèké ngetokké lan mbébaské* Yéhoyakhin+ raja Yéhuda saka penjara.+ Kuwi kelakon ing dina ke-25 ing sasi ke-12, ing taun ke-37 sakwisé Yéhoyakhin raja Yéhuda ditawan. 32 Dhèwèké apikan marang Yéhoyakhin lan mènèhi Yéhoyakhin kedudukan sing luwih dhuwur timbang raja-raja liyané sing bareng dhèwèké ing Babilon.
-