-
2 Para Raja 23:31-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Pas mréntah dadi raja, Yéhoahaz+ umuré 23 taun lan mréntah suwéné telung sasi ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 32 Dhèwèké mulai nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké nènèk moyangé.+ 33 Firaun Nékho+ nglebokké Yéhoahaz ing penjara ing Ribla+ ing dhaérah Hamat bèn Yéhoahaz ora mréntah ing Yérusalèm. Terus, Nékho nuntut Yéhuda mbayar 100 talènta* pérak lan 1 talènta emas.+ 34 Firaun Nékho ngangkat Èliakim anaké Yosia kanggo mréntah dadi raja nggantèni Yosia bapaké, terus ngganti jenengé dadi Yéhoyakim. Ning dhèwèké nggawa Yéhoahaz menyang Mesir,+ lan akhiré Yéhoahaz mati ing kono.+
-