PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 14:13-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Ning, Musa kandha marang Yéhuwah, ”Njenengan wis nggawa bangsa iki metu saka Mesir nganggo kuwasa-Mu. Dadi, nèk Njenengan tumindak kaya ngono, terus wong Mesir krungu,+ 14 wong Mesir bakal nyritakké kuwi marang penduduk ing tanah Kanaan, sing wis padha krungu nèk Njenengan, Yéhuwah, ana ing antarané bangsa iki,+ lan Njenengan jelas nduduhké sapa Njenengan kuwi marang bangsa iki.+ Penduduk ing tanah Kanaan ya wis krungu nèk Njenengan kuwi Yéhuwah, lan méga saka Njenengan ana ing ndhuwuré bangsa iki. Njenengan mlaku ing ngarepé bangsa iki ing njero tugu méga* pas awan lan ing njero tugu geni* pas bengi.+ 15 Nèk bangsa iki langsung Njenengan patèni kabèh, bangsa-bangsa sing wis krungu soal kehébatan-Mu bakal kandha, 16 ’Yéhuwah ora isa nggawa bangsa kuwi menyang tanah sing wis dijanjèkké nganggo sumpah arep diwènèhké marang wong-wong kuwi, mula kabèh wong kuwi dipatèni ing padhang belantara.’+

  • Pangandharing Torèt 9:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Tulung Njenengan éling karo abdi-Mu yaiku Abraham, Ishak, lan Yakub.+ Tulung bangsa sing ndableg, sing jahat, lan sing dosa iki diapura.+ 28 Nèk ora, penduduké tanah sing wis tak tinggalké sakwisé Njenengan mbébaské aku bakal kandha, ”Yéhuwah ora isa nggawa wong-wong kuwi ing tanah sing dijanjèkké. Merga sengit karo wong-wong kuwi, Dhèwèké nggawa metu wong-wong kuwi bèn isa dipatèni ing padhang belantara.”+

  • 1 Samuèl 12:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Yéhuwah wis milih kowé dadi umaté.+ Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté+ merga jenengé sing mulya.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim