-
Mikha 3:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Aku kandha, ”Hé para pemimpin keturunané Yakub
Lan para penguasané wong Israèl,+ padha rungokna.
Kowé kuduné ngerti sing adil kuwi piyé.
2 Ning, kowé malah sengit karo apa sing apik+ lan seneng karo apa sing jahat.+
Kowé nguliti bangsaku, lan dagingé mbok pisahké saka balung-balungé.+
3 Kowé ya mangan dagingé bangsaku+
Lan nguliti wong-wong kuwi.
Balungé mbok hancurké lan mbok remuk,+
Kaya daging lan balung sing dimasak ing panci.
-
-
Zéfanya 3:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Para pemimpiné kaya singa sing nggero-nggero.+
Para hakimé kaya serigala sing mburu mangsa pas bengi,
Sing ora nyisakké balung siji-sijia nganti ésuk.
-