PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 14:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Ning, kowé malah nindakké sing luwih èlèk timbang wong-wong sakdurungé kowé. Kowé nggawé kanggo awakmu dhéwé allah liya lan patung logam* kanggo nglarani Aku,+ lan kowé wis ninggalké Aku.+

  • Néhémia 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+

  • Yésaya 17:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kowé wis lali karo Gusti Allah+ sing nylametké kowé.

      Kowé ora éling karo Gunung Watu+ lan bèntèngmu.

      Kuwi sebabé kowé nggawé kebon sing apik*

      Lan mbok tanduri nganggo tunas saka wong asing.*

  • Yérémia 2:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Apa prawan isa lali karo perhiasané?

      Apa mantèn wédok isa lali karo sabuké?

      Ning kèt mbiyèn, umat-Ku dhéwé malah wis lali karo Aku.+

  • Yérémia 13:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Kuwi sing bakal mbok* alami. Kuwi sing wis Tak wènèhké dadi bagéanmu,” kandhané Yéhuwah,

      ”Sebab kowé wis nglalèkké Aku+ lan kowé wis percaya karo omongan sing ora bener.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim