PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 25:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 mula dhèwèké kandha karo Yakub, ”Cepet, aku njaluk bubur abang sing mbok masak kuwi,* sithik waé. Aku kesel lan ngelih* banget.” Kuwi sebabé dhèwèké dijenengi Édom.*+

  • Yésaya 34:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 ”Ing langit, pedhang-Ku bakal teles kena getih.+

      Kuwi bakal Tak gunakké kanggo ngukum Édom,+

      Bangsa sing arep Tak singkirké.

  • Yèhèzkièl 25:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Édom wis ngukum wong Yéhuda. Kesalahané Édom kuwi gedhé banget merga wis balas dendam marang wong Yéhuda.+ 13 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Édom. Aku bakal matèni wong Édom lan ternaké, lan tanahé bakal telantar.+ Kabèh penduduké Édom, saka Téman tekan Dédan, bakal Tak patèni nganggo pedhang.+

  • Amos 1:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’Merga Édom wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

      Dhèwèké wis ngoyak* seduluré karo nggawa pedhang,+

      Lan dhèwèké ya ora nduwé rasa mesakké. Karo nesu, dhèwèké nyabik-nyabik sedulur-seduluré,

      Lan dhèwèké tetep nesu karo wong-wong kuwi.+

  • Obaja 1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 1 Obaja* nampa wahyu soal Édom*+ saka Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa.

      Obaja kandha,

      ”Aku lan bangsaku krungu berita saka Yéhuwah,

      Ana wong sing wis diutus marang bangsa-bangsa kanggo kandha,

      ’Ayo siap-siap perang nglawan dhèwèké.’”*+

  • Maléakhi 1:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 ”Senajan Édom* kandha, ’Aku wis hancur, ning aku bakal bali lan mbangun manèh reruntuhan kuwi.’ Tapi Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Wong-wong kuwi bakal mbangun, ning Aku bakal ngrubuhké. Dhaérahé wong-wong kuwi bakal disebut ”dhaérah kejahatan”, lan wong-wong ing kono bakal disebut ”wong-wong sing saklawasé dikutuk Yéhuwah”.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim