-
Danièl 4:13-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 ”’Ing wahyu kuwi, aku ya ndelok utusan* sing suci mudhun saka swarga.+ 14 Dhèwèké mbengok, ”Tegoren wit kuwi,+ kethoken cabang-cabangé, rontokna godhong-godhongé, lan sebaren buahé. Bèn waé kéwan-kéwan ing ngisoré padha mlayu lan manuk-manuk ing cabangé padha mabur. 15 Ning, bonggolé lan akaré bèn waé tetep ana ing lemah. Talènana bonggol kuwi nganggo wesi lan tembaga, lan ejarna bonggol kuwi ana ing padhang rumput. Bèn waé kuwi teles merga embun saka langit lan ana ing antarané kéwan lan tanduran ing bumi.+ 16 Bèn waé atiné berubah saka ati manungsa dadi ati kéwan pitung taun*+ suwéné.+
-