PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Danièl 4:23-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 ”’Terus, njenengan ndelok utusan* sing suci+ mudhun saka swarga, sing kandha, ”Tegoren lan hancurna wit kuwi. Ning, bonggolé lan akaré bèn waé tetep ana ing lemah. Talènana bonggol kuwi nganggo wesi lan tembaga, lan ejarna bonggol kuwi ana ing padhang rumput. Bèn waé kuwi teles merga embun saka langit lan ana ing antarané kéwan ing padhang pitung taun* suwéné.”+ 24 Oh Raja, iki artiné. Gusti Allah sing Mahaluhur wis mutuské nèk iki bakal njenengan alami. 25 Njenengan bakal diusir saka antarané manungsa lan manggon bareng karo kéwan ing padhang. Pitung taun*+ suwéné njenengan bakal mangan suket kaya sapi.+ Embun saka langit+ bakal nelesi njenengan nganti njenengan sadhar nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini.+

      26 ”’Ning, merga mau disebutké nèk bonggol lan akaré wit kuwi kudu diejarké,+ njenengan bakal dadi raja manèh sakwisé njenengan sadhar nèk Gusti Allah kuwi mréntah ing swarga.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim