PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 2:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Yéhuwah isa nggawé wong dadi mlarat lan dadi sugih.+

      Dhèwèké isa nggawé wong direndhahké lan diunggulké.+

       8 Dhèwèké ngangkat wong cilik saka debu.

      Dhèwèké ngangkat wong mlarat saka tumpukan awu,*+

      Bèn wong-wong kuwi lungguh karo para bangsawan,

      Bèn wong-wong kuwi nduwé kedudukan sing dhuwur.

      Yéhuwah kuwi sing nduwé pondhasi bumi,+

      Sing ndèlèhké tanah ing ndhuwuré.

  • Ayub 34:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Dhèwèké nyingkirké wong-wong sing nduwé kuwasa tanpa perlu nyelidiki dhisik.

      Bar kuwi, Dhèwèké milih wong liya kanggo nggantèni wong-wong kuwi,+

  • Yérémia 27:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ’Aku iki sing nggawé bumi, manungsa, lan kéwan ing bumi nganggo kuwasa-Ku sing gedhé lan kekuwatan-Ku. Aku wis mènèhké kabèh kuwi marang sapa waé sing Tak senengi.+

  • Yèhèzkièl 21:26, 27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Uculana serbanmu, lan copoten mahkotamu.+ Keadaané saiki wis berubah.+ Wong sing penting bakal direndhahké,+ lan wong biasa bakal diunggulké.+ 27 Reruntuhan, reruntuhan. Kuwi* bakal Tak dadèkké reruntuhan. Kuwi ora bakal dadi duwèké sapa-sapa nganti wong sing nduwé hak sing sah teka.+ Aku bakal mènèhké kuwi marang dhèwèké.’+

  • Danièl 2:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Dhèwèké ngubah wektu lan musim,+

      Nglèngsèrké lan nglantik raja,+

      Lan mènèhi kawicaksanan marang wong sing wicaksana lan pengetahuan marang wong sing nduwé pertimbangan.+

  • Danièl 7:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Ing wahyu bengi kuwi, aku ndelok ana sing kaya anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga ing langit. Dhèwèké diijinké nemoni Sing Lanjut Usia,+ terus dhèwèké digawa ing ngarepé. 14 Dhèwèké diwènèhi kuwasa,+ kehormatan,+ lan kerajaan bèn wong-wong saka kabèh bangsa lan basa nglayani dhèwèké.+ Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé, lan kekuasaané ora bakal berakhir. Kerajaané ora bakal dihancurké.+

  • Lukas 1:32, 33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting+ lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur.+ Gusti Allah Yéhuwah* bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.*+ 33 Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané* bakal ana sakterusé.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim