PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 25:5-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia, lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja. 6 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum. 7 Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+

  • Yérémia 52:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Ning, pasukan Khaldéa ngoyak* Zédékia,+ lan wong-wong kuwi nangkep dhèwèké ing Padhang Gurun Yérikho. Kabèh pasukané Raja padha mencar ninggalké Raja.

  • Yérémia 52:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Terus, Raja Babilon nggawé mripaté Zédékia dadi wuta,+ nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon. Zédékia dipenjara ing kono nganti mati.

  • Yèhèzkièl 12:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Pemimpin sing ana ing antarané wong-wong kuwi bakal manggul barang-barangé ing pundhaké lan lunga pas wis peteng. Dhèwèké bakal njebol témbok lan metu saka kono karo nggawa barang-barangé.+ Dhèwèké bakal nutupi wajahé bèn ora isa ndelok lemah. 13 Aku bakal nguncalké jaring-Ku, lan dhèwèké bakal ketangkep ing jaring kuwi.+ Aku bakal nggawa dhèwèké menyang Babilon, menyang tanahé wong Khaldéa, ning dhèwèké ora bakal isa ndelok tanah kuwi. Dhèwèké bakal mati ing kana.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim