8 ”’Ning, soal buah ara sing èlèk banget nganti ora isa dipangan,+ iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kanggoku, ya kaya ngono kuwi Zédékia+ raja Yéhuda, para pejabaté, wong Yérusalèm sing isih urip ing tanah iki, lan wong-wong sing manggon ing Mesir.+
21 Zédékia raja Yéhuda lan para pejabaté bakal Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé, marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi, lan marang pasukané raja Babilon+ sing saiki ora ngepung kowé manèh.’+
17 Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo methuk* Yérémia. Raja meneng-meneng nakoni Yérémia ing istanané.+ Raja Zédékia takon, ”Apa ana pesen saka Yéhuwah?” Yérémia kandha, ”Ana.” Yérémia kandha manèh, ”Njenengan bakal diserahké marang raja Babilon.”+
18 Ning, nèk kowé ora gelem nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kutha iki bakal diserahké marang wong Khaldéa lan bakal diobong nganti entèk.+ Kowé ora bakal isa lolos.’”+