PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 21:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”’Yéhuwah kandha, ”Bar kuwi, Zédékia raja Yéhuda, para pelayané, lan penduduk kutha iki sing slamet saka wabah penyakit, pedhang, lan kelaparan bakal Tak serahké marang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku mungsuh sing péngin matèni wong-wong kuwi.+ Dhèwèké bakal matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang. Dhèwèké ora bakal ngrasa sedhih utawa mesakké marang wong-wong kuwi.”’+

  • Yérémia 24:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”’Ning, soal buah ara sing èlèk banget nganti ora isa dipangan,+ iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kanggoku, ya kaya ngono kuwi Zédékia+ raja Yéhuda, para pejabaté, wong Yérusalèm sing isih urip ing tanah iki, lan wong-wong sing manggon ing Mesir.+

  • Yérémia 34:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Zédékia raja Yéhuda lan para pejabaté bakal Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé, marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi, lan marang pasukané raja Babilon+ sing saiki ora ngepung kowé manèh.’+

  • Yèhèzkièl 12:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Pemimpin sing ana ing antarané wong-wong kuwi bakal manggul barang-barangé ing pundhaké lan lunga pas wis peteng. Dhèwèké bakal njebol témbok lan metu saka kono karo nggawa barang-barangé.+ Dhèwèké bakal nutupi wajahé bèn ora isa ndelok lemah. 13 Aku bakal nguncalké jaring-Ku, lan dhèwèké bakal ketangkep ing jaring kuwi.+ Aku bakal nggawa dhèwèké menyang Babilon, menyang tanahé wong Khaldéa, ning dhèwèké ora bakal isa ndelok tanah kuwi. Dhèwèké bakal mati ing kana.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim